A. Pangertosan Pawarta Basa Jawa
Pawarta
yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa ingkang
diwedharaken
ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik.
Kadadean utawa prastawa ingkang
diwedharaken
awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa
bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.
B. Jinis Pawarta
1.Pawarta Dadakan
Pawarta
dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena
dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan
liya-liyane.
2. Pawarta Ndinan
Pawarta
ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni
sadurunge. Tuladha: kagiyatan MOS, kunjungan presiden ing Batang, lan
liya-liyane.
3. Pawarta Crita
Pawarta
crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake
objek kang nengsemake/human interest.
Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita
objek wisata, crita bab kesenengan/hobby, lan liya-liyane.
C. Titikanipun pawarta ingkang sae, inggih menika:
1. Ngginakaken basa ingkang gampang dimangeteni
2. Kedah ngemot 6 perangan, yaiku what, who, why, when, where, lan how.
1. Ngginakaken basa ingkang gampang dimangeteni
2. Kedah ngemot 6 perangan, yaiku what, who, why, when, where, lan how.
- What ‘menapa’ : apa kang kedadean?
- Who ‘sinten’
: sinten ingkang kalebet ing kadadean menika ?
- Why ‘kenging menapa’ : kenging menapa saged
kadadosan?
- When ‘kapan’: kapan prastawa menika kadadosan ?
- Where ‘wonten ing pundi’ : wonten ing pundi prastawa
menika?
- How ‘kados pundi’ : kados pundi prastawa menika
saged kadadosan ?
3. Boten mojokake utawa
mihak salah sijine golongan utawa pawongan.
4. Dipunserat kanthi bener lan menapa wontenipun.
5. Enggal (anyar)
4. Dipunserat kanthi bener lan menapa wontenipun.
5. Enggal (anyar)
D. Struktur
Berita
1. Salam pambuka
Sugeng pepanggihan kaliyan kula
.............. ing pawartos basa Jawi Ngayogyakarta. Wekdal menika pawartos
basa Jawi badhé mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon Ngayogyakarta
sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing pawartos basa Jawi dalu menika
2. Pambuka
3. Isining Pawarta
4. Panutup
5. Salam panutup
E. Teknik Maos Pawarta
Kangge nggampilaken pamaos pawarta mliginipun lumantar medhiya radhio utawi visual (televisi), mila kedah nggatosaken cara-caranipun ingkang trep. Ing ngandhap menika wonten cara-cara maos pawarta basa Jawa ingkang sae.
1. Cara maos pawarta lumantar medhiya audio (radhio)
a.mesem kangge bikak siyaran pawarta kanthi salam utawi nyapa pamiyarsa. Tuladhanipun sugeng siyang para pamiyarsa, sugeng dalu.
b. visualisasi, inggih menika mbayangaken nalika siyaran menika namung piyambakan, utawi wonten kancanipun. Bab menika kangge nuwuhaken rasa kendhel, lan swantenipun sora (sero).
c. maos pawarta ngginakaken swanten diafragma
d. anggenipun maos pawarta kedah cetha (artikulasi), stressing, intonasi
e. patrapipun jumbuh kaliyan isi pawarta lan gaya siyaran.
2. Cara maos pawarta lumantar medhiya visual (televisi)
a. Dipunwaos rumiyin, dipunpanani utawi mangertosi menapa isinipun.
b. Sign-posting , ngginakaken tandha unjal napas ( / ) kangge jeda koma, (//) jeda titik
c. Nyebataken ukara mawi
katrangan
d. Dash, ngginakaken tandha garis
pisah/strip (--) saderengipun nama, istilah wigati, utawi
kasunyatan ingkang dipunmaksud (stressing)
e. Nadanipun netral
F. Tuladha Teks Berita
Teks
Pawarta Media Cetak
Puluhan Sawah saha Atusan Griya
Kebanjiran, Warga Gagal Panen!
Setu 21 Desember 2013, puluhan hektar sabin
saha atusan griya ing Desa Poncosari, Kecamatan, Srandakan, Bantul Yogyakarta,
kebanjiran. Para warga sami kuwatir tetanenipun boten saged kasil, amerga
banjir menika sampun ngrusakaken tetanenipun para petani. Pantun ingkang sejatosipun
saweg badhe dipunpanen malah klelep banjir.
Darwis (22 th) ngandharaken bilih
banjir menika dipunjalaraken jawah deres ing tigang dinten pungkasan menika.
Deresing jawah menika ndamel lepen boten saged nadhahi deresipun toya merga
deresipun jawah menika. Toya lepen menika banjur bleber wonten ing tetanen
pantun ing sabin. Boten wonten sabin ingkang slamet, sedaya sami
kebanjiran.
Boten namung sabin kemawon ing
kalelep banjir, atusan griya warga igg Dhusun Kuwaru, Desa Poncosari ngantos
boten wonten ingkang boten kebanjiran.Toyanipun ngantos sampun mlebet ing
griyanipun para warga. Sanajan mekaten para warga boten sami ngungsi, taksih
wonten ing griyanipun piyambak-piyambak. Merga banjir menika ugi ngganggu akses
mergi nuju wisata ing Pante Kuwaru, jalaran banjir ngantos 60 centimeter. Mobil
saha montor boten saged liwat mergi menika. Para wisatawan kedah mubeng saking
wetan utawi kilen supados saged ing pante Kuwaru. Darwis ngandharaken menawi jawah tambah deres
malih, banjir saged nyebar ing desa sakiwa tengenipun dhusun Kuwaru.
HMPS PPKn UAD Mengeti Dinten Kesaktian
Pancasila
Teks Pawarta 2.
Media Audio-Visual (TV)
Komunitas Otomotif Sarana Mbiwara Wisata
NGayogyakarta
Kanthi kathahipun komunitas otomotif ingkang
nanjakaken papan-papan wisata ing Ngayogyakarta kangge papan mlempak utawi
pepanggihan, ngiras menika minangka sarana biwara papan wisata kasebut.
Museum merapi ingkang dumunung
ing Kaliurang inggih salahsatunggaling papan wisata ingkang asring dados
jujugan wisatawan. Kejawi minangka sarana kangge pasinaon gayut kaliyan redi
Merapi, plataran museum menika ugi asring dipuntanjaaken dening komunitas
otomotif kangge papan mlempak lan pepanggihan. Salahsatunggalipun inggih menika
komunitas Zebrakarta, ingkang warganipun saking saintening Indonesia. Krida kados
mekaten kanthi boten sengaja ugi ngiras mbiwarakaken papan wisata ing
Ngayogyakarta. Robert Pramono (ketua komuitas) ngandhraaken,”setelah acara dari
sini kita kopdar ini dirancang tidak hanya sampai sore. Seperti biasanya tetapi
siang hari, dengan pertimbangan, setelah kopdar rekan-rekan bisa berwisata di
Kaliurang, bisa menikmati wisata yang ada. Jadi ini benar-benar ini adalah
memasarkan wisata Yogyakarta.”
Susi minangka warga komunitas mratelakaken, “jadi
kita kalo misalkan ada kom seperti ini ada kesusahan dijalan apapun kan kita
jadi minta tolong kan gampang ya. Om ini ada gini nih,kan gampang ya.”
“Sebenarnya nyari temen aja Mas, nyari temen yang mobilnya sama otomatis kalo
kita kendala apa-apa di mesin bisa tanya ke yang lain, miturut Dafi.”
Kaendahan papan ing sakiwa tengen
kaliurang pancen dados daya tarik mirunggan, hawa ingkang seger saha papan
ingkang nengsemaken dados pawadan papan wisata menika pinilih kangge sarana
kangge mlempak pepanggihan. Saking krida kados mekaten, warga komunitas asring
sami tukar wawasan babagan papan wisata sanes ingkang saged kangge papan
mlempak pepanggihan. Ngiras nyaketaken sesambetan antawisipun anggota
komunitas. Saya kathahipun komunitas otomotif samangke dados kalodhangan kangge
sarana biwara wisata ing Nayogyakarta.
Heri Susanto Jogyatv.
Para pamiyarsa, ngaturaken wilujeng ing dalu menika.
Pinanggih malih kaliyan kula, Farah Nadia Karima ing pawarta basa Jawi ing dalu punika.
Pawarta kagiyaraken lumantar Radhio Emo Lumpat Programa 4 Boyolali.
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan
kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu,Deli Serdang, Jemuah
(15/7) bengi. 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha
sakala.
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buwah
kapal nedya nguripake genset kanggo mbacutake patroli, ujug-ujug kapal kasebut
njeblug banjur kerem menyang dhasaring segara. Direktur Jendral Bea Cukai,
Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni merga kacilakan
wektu gensete arep diuripake. Agung nambahake, para petugas sing dadi korban
kuwi pinuju nindakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat
jalur segara.
Para pamiyarsa, mekaten pawarta basa Jawi ingkang
saged katuraken ing dalu punika, mugi wilujeng ingkang sami pinanggih. Nuwun
(Panjebar Semangat Edisi 31 tanggal 30 Juli 2011)
Teks Pawarta 4. Media Audio (Radio
Para Pamirsa,sutresna budaya.
Wonten cariyos nalika Harya Penangsang
kanthi ngasta keris nama keris Kyai Setan Kober mengsah Danang Sutawijaya kanthi
Tombak Kyai Plered.Padharan Harya Penangsang kenging Tombak Kyai Plered saengga
ususipun mbrodhol medal saking padharanipun.Lajeng Harya Penangsang ngalungaken
ususipun ing pendhok kerisipun,nanging ketiwasan amargi mboten saged
ngendhaleni raos muntab,kepingin males tumindakipun Sutawijaya,saengga Harya
Penangsang kesupen ndudut kerisipun kesupen menawi kalawau sampun dipunkalungi
usus.Harya Penangsang gugur dening pusakanipun piyambak,amargi ususipun pedhot
kepronggol kerisipun.Cariyos punika andadosaken pepiling bilih tiyang punika
kedah sareh,ening,waspada,mboten grusa-grusu.Saengga sesekaran inggih punika
kembang kolong keris nglambangaken ususipun Harya Penangsang,wonten malih
pemanggih bilih tiyang kedah ngatos-atos supados mboten cilaka kados Harya
Penangsang.
Para Pamirsa,
Sinartan purnaning waosan teks pawartos basa Jawi mugia tetep manunggal
wonten ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun
inggih menika ”Giyaran Kethoprak Mataram.”Sugeng midhangetaken sarta nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar