Cariyos
pengalaman menika kadadosan saking 2 tembung inggih menika cariyos saha
pengalaman. Cariyos tegesipun kandha kang ngemot lelakon. Pengalaman inggih
menika kedadosan ingkang nate dipunlampahi. Dados, cariyos pengalaman inggih
menika lelakon ingkang sampun nate dipunlampahi saha dipunandharaken kanthi
lisan saha tulis.
Jinis
cariyos pengalaman menika wonten kathah. Ing bab menika ingkang badhe
kaandharaken inggih menika jinising cariyos pengalaman ing masarakat limrahipun
kados menapa. jinising cariyos pengalaman wonten 5 inggih menika cariyos
pengalaman lucu, cariyos pengalaman bingah, cariyos pengalaman sedhih, cariyos
pengalaman aneh saha cariyos pengalaman ngajrih-ngajrihi.
1. Cariyos
pengalaman lucu
Pengalaman
lucu inggih menika kedadosan ingkang nate dipunlampahi dening tiyang,
ndadosaken tiyang kasebut menapa malih tiyang sanes saged gumujeng. Cariyos
pengalaman lucu inggih menika cariyos pengalaman ingkang ndadosaken tiyang
ingkang maos utawi mirengaken gumujeng, ngraosaken bingah.
2. Cariyos
pengalaman bingah (seneng)
Pengalaman
bingah inggih menika kadadosan ingkang nate dipunlampahi dening tiyang,
ndadosaken tiyang kasebut menapa malih tiyang sanes saged ngraosaken bingah.
Cariyos pengalaman bingah inggih menika cariyos pengalaman ingkang ndadosaken
tiyang ingkang maos utawi mirengaken saged ngraosaken bingah.
3. Cariyos
pengalaman sedhih
Pengalaman
sedhih inggih menika kadadosan ingkang nate dipunlampahi dening tiyang,
ndadosaken tiyang kasebut menapa malih tiyang sanes saged ngraosaken sedhih. Cariyos
pengalaman sedhih inggih menika cariyos pengalaman ingkang ndadosaken tiyang
ingkang maos utawi mirengaken saged ngraosaken sedhih.
4. Cariyos
pengalaman aneh
Cariyos
pengalaman aneh inggih menika cariyos pengalaman ingkang ndadosaken tiyang
ingkang maos utawi mirengaken saged ngraosaken keanehan. cariyos kasebut ing antawisipun nyata kaliyan ghaib.
5. Cariyos
pengalaman ingkang ngajrih-ngajrihi
Cariyos
pengalaman ingkang ngajrih-ngajrihi inggih menika cariyos pengalaman ingkang
ndadosaken tiyang ingkang maos utawi mireng saged dheg-dhegan utawi ajrih.
Saderengipun
kita damel cariyos pengalaman, kita kedah nggatosaken caranipun damel cariyos
pengalaman. Ancasipun supados kita gampil anggenipun damel cariyos pengalaman.
Langkah-langkah ingkang kedah dipungatosaken inggih menika:
a. Ngemut-emut
kadadosan ingkang badhe dipuncariyosaken.
b. Nyusun
cengkorongan cariyos pengalaman
c. Ngembangaken
cengkorongan cariyos dados cariyos pengalaman.
d. Nyariyosaken
cariyos pengalaman kanthi lancar.
e. Paring
pesan/kesan saking cariyos pengalaman kasebut.
1.
Pedoman
ingkang dipunginakaken kangge damel cengkorongan cariyos pengalaman
Saderengipun
kita damel cariyos pengalaman, kita kedah damel cengkorongan. Ginanipun
cengkorongan supados gampil anggenipun damel cariyos pengalaman, saged urut
runtut. Cengkorongan cariyos pengalaman inggih menika:
Ngginakaken unsur 5W +
1H:
a. Sinten
kemawon ingkang kalebet ing cariyos pengalaman.
b. Pengalaman bab menapa ingkang nate
dipunlampahi.
c. Wonten pundi papan anggenipun
kadadosan kasebut lumampah.
d. Kapan kadadosan kasebut lumampah.
e. Kenging menapa pengalaman kasebut
dados pengalaman ingkang berkesan.
f.
Kadospundi urut-urutaning kadadosan kasebut.
2.
Bab-bab
ingkang kedah dipungatosaken nalika nyariosaken pengalaman
Menawi
kita badhe nyariyosaken cariyos pengalaman, kita kedah nggatosaken bab-bab
ingkang kedah dipungatosaken nalika nyariyosaken pengalaman. Bab-bab ingkang
kedah dipungatosaken nalika nyariyosaken pengalaman inggih menika:
a. Ngemut-emut
urutaning cariyos.
b. Ngginakaken
basa ingkang leres, cetha saha gampil dipunmangertosi.
c. Anggenipun
cariyos kanthi ekspresi saha intonasi ingkang cetha.
d. Nyariyosaken
piwulang moral ingkang saged kapendhet saking cariyos kasebut.
Kanggone
wong sing ngrasuk agama Islam, jam telu isuk iku wektune ngadhep sing gawe
urip. Kuwi adate, ya adate wong sing pancen duwe padatan sing kaya mangkono.
Ning beda meneh karo Yu Marni uga semahe, solat wengi iku malah ora diwiwiti
jam telu nanging jam siji bengi, mergane jam telu dheweke kudu wis dhasaran ing
Pasar Sentul njajakne sega lan wedhange.
Yu Marni
lan semahe iku pancen uripe rada rekasa, omahe wae isih ngontrak kepara ya
ciyut. Apa meneh duwe anak lima, kuwi kabeh ya isih padha sekolah. Nanging Yu
Marni ora tau sambat karo kahanan uripe, sing penting bisa nguripi anak-anake supaya
dadi uwong sing mesthi ora kaya dheweke saiki. Mula beda karo biyasane, Yu
Marni ngrasa ora tentrem, kaya kesusu anggone nata dagangane kaya-kaya ana sing
arep medhayoh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar