A. Pangertosan Campursari
Campursari inggih punika
jinising lelagon Jawa. Campursari tegesipun lelagon Jawa ingkang ngemot
pinten-pinten aspek seni (salebeting lelagon pepak sanget). Katitik saking
instrumen ingkang dipunangge ngiringi, wujud gamelan tradhisional Jawa saha
instrumen musik nasional. Kekalihipun dipunangge sesarengan kanthi trep,
ngantos sekeca dipunmirengaken Gabungan instrumen kasebut dipunangkah supados
pinanggih harmoni seni campursari. Instrumen campursari ingkang asring kaangge
kadosta: kendhang, demung, gong, rebab, piano, gitar, bass, saha drum.
Tokoh campursari ingkang
kondhang inggih punika Manthous saking Gunungkidul. Salajengipun tuwuh
penyanyi-penyanyi campursari sanes kadosta: Sunyahni, Didi Kempot, saha
sapanunggalanipun.
B. Wujuding Campursari
1. Ingkang
kalebet langgam campursari : nyidham sari, Anting-anting, Aja Sembrana, Lingsir
Wengi, Bangawan Solo, Setya Tuhu, Aja Lamis, Jenang Gula, Kusumaning Ati,
Lela-lela Ledhung.
2. Ingkang
kalebet lelagon dolanan campursari : Kuda Lumping, Ilir-ilir, Buta-buta Galak,
Jamu-jamu, Nginang Karo Ngilo, Dhayohe Teka.
3. Ingkang
kalebet lelagon campursari : Sekonyong-konyong Kodher, Sentir Lenga Patra,
Nonong, Randha Kempling, Stasiun Balapan, Tamba Ati, Taman Jurug.
4. Ingkang
kalebet macapat Campursari :
Asmarandana : Anjasmara Arimami,
Dhandhanggula Sida Asih, Dhandhanggula Turulare.
Mijil Ketoprak: Dedalane, Pocung, Semar
Iku.
5. Ingkang
kalebet sekar gendhing Campursari : Wahyu, Ayak Pamungkas, Rangu-rangu Puspa
Giwang, Gandahastusti, Umbul donga.
C. Ginanipun Lagu Campursari
1.Campursari
menika adatipun kangge
nglelipur ing acara menapa kemawon, kadosta pengetan 17 Agustus, supitan,
tasyakuran, mantenan, saha sapanunggalanipun.
2.Campursari ugi asring
dipunangge lelagon dening pelawak, pendhagel, gara-gara ing wayang kulit,
limbukan saha dhagelan, kethoprak, saha sanes-sanesipun.
3. Lagu
Campursari uga ngrembaka minangka pangiring seni tari jathilan.
D. Cara Nglagokake Lagu Campursari
Anggonipun nglagokaken bebas
(merdeka), kalih larik kendel, lajeng dipunselingi gineman boten menapa-menapa. Anggenipun nglagokaken
ngetutaken unining gendhing, menawi ingkang nglagokaken tiyang kalih kakung
saha putri, saged gentosan (ingkang putri bawa saha ingkang kakung nglagokaken,
dene wiyaganipun (ingkang nabuh instrumen) saged nyenggaki. Kajawi
menika, anggenipun ngglagokaken lagu campursari menika ugi kedah nggatosaken 4W
: inggih menika Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.
E. Tuladha Lagu
Campursari
Caping Gunung
Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Mbiyen tak openi
Ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang
Keturutan sing digadhang
Mbiyen ninggal janji
Ning saiki apa lali
Neng nggunung
Tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung
Tak silihi caping nggunung
Sokur bisa nyawang
Nggunung desa dadi reja
Dene ora ilang
Temanipun
Lagu Campursari : Kritik Sosial
Isi :
Nalika Jaman perang ngrebat kamardikan taun 1945 kathah tiyang ingkang sami
ngungsi dhateng padhusunan, pados wilujeng (slamet) ajrih dipuncekel panjajah
Walandi. Tiyang padhusunan kanthi bingah saged mitulungi tiyang kitha. Nanging
sareng kawontenan sampun aman, sampun merdika tiyang kitha wau gesang kanthi
sekeca nanging kesupen dhateng tiyang dhusun ingkang sampun paring pitulungan
tanpa pamrih wau. Katingal saking pethikan cakepan lagu campursari “biyen tak
openi, ning saiki apa lali?
Kapethik
saking
Hardono,
Sudi,, dkk. Tanpa tahun. Among Basa.Yogyakarta
: MGMP Bahasa Jawa SMA.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar